Soré kiyé langit sisih kulon katon mbranang, nggambarna mangsa ketelu, ketiga nglathak. Kaya-kaya gambaran swasana batiné Slamet, sing lagi njombros nang téras umah, njagong nang dhingklik, kambi nyawang gunung Slamet sing mung katon ngregemeng kemulan pedhut. Angen-angené mbabyag tekan ngendi ora. Anginé semribid kaya-kaya kepengin mbantu ngeburna kabéh pepeteng sing lagi dirasakena nang batine Slamet.
“Mas, inyong arep meng warunge Yu Sarni, bécér kebutuhan pedangan. Brambang, lombok, trasi, janganan, nang dapur wis langka apa-apa. Beras kari seberuk. Inyong njaluk dhuwite, Mas.” Slamet kaget, bojoné ijig-ijig wis ning buriné kambi ngédhéng, njaluk jatah bécér.
“Inyong urung duwé dhuwit, Ma. Honor wulan kiyé urung dibayar, bu Bendahara Sekolah lagi sumeng, wis rong dina ora mlebu.” Jawabé Slamet kambi madan climusan, nlangsa semu isin.
Slamet, pawongan sing uripé sederhana. Nyambut gawé dadi guru honorer, sing kasilané ora sepiraha. Honoré saben wulan ora cubak kanggo kebutuhan urip pedinané. Bojoné, Mbak Siti gawené ngedumel ora ana wangené. Kebutuhan urip sengasaya gedhé, anaké kudu sekolah, kondanganan mambrah-mambrah. Slamet mung tambah bingung, angger bojoné wis nyadhong jaluk jatah.
“Sabar Ma, wong inyong bisané mung émbrét nang sekolahan, baliné soré. Honoré sepethil, ningén angger desyukuri, sinawané dadi berkah. Étung-étung prihatin, Ma. Aja bosen ndonga, supaya inyong gagiyan kejaring CPNS, seora-orane ya guru P3K.” Slamet mung bisa njawab nggo adhem-adhem bojoné, karo ukara sing madan relijius.
Suwé ning suwé Mbak Siti wis ora nggoplé alesan dan kodrahé Slamet sing isiné mung semaya angger dijaluki dhuwit blanja. Mbak Siti mutusna nekad lunga dadi buruh migran nang Hongkong, kanti alesan kanggo nambah penghasilan kulawarga. Slamet mung bisa pasrah. Tinimbang saben dina bojoné manyun, mbesodo nambah perih atiné. Senajan batiné krasa abot ngelosna bojo dadi TKW. Ningén primén maning, Slamet ngrasa wis ora bisa glawat ngadhepi kahanan.
Slamet bisané pasrah ngadhepi kahanan sing tambah dina tambah nggérot, finansial sing cupet, renggan urip sing tambah gedhé, lan wayangané kalender sing kaya dhemit, nambah jabegé pikiran. Merga ora mung pekolih sekang honor ngajar sing cekak, nanging uga anané utang-utang sing kudu dibayar saben wulan.
Saben soré bar mulang, Slamet njagong nang téras umah, ngematna surupé srengéngé lan ngrenungaké kasengsaraané urip sing ora nana pogé. Kambi nyruput banyu bening nang gelas canthél pewéwéh sekang muride pas unggah-unggahan kelas.
Bareng bojoné wis mangkat ngodhé nang manca, ndina-ndina Slamet ngwangwung. Sawisé ngajar, bali maring umah cilik sing sepi tanpa Mbak Siti. Banjut bisané mung ngelus dhadha karo ndudut ambekan landhung. Kabéh tanggung jawab nang umah sekiyé kudu diayahi, umbah-umbah, adang, resik-resik umah lan sekamoratiné urusan umah sing biasané ditandangi Mbak Siti kudu dirmapungi dhéwék. Renggané tambah abot, batiné sengsaya nggrentes, ngrasakena kasepén sing tambah ndadrah.
Bojone siki wis setaun ora ketemu, bisané mung komunikasi liwat WA, pog-pogé video call angger pas majikané lagi padha ora ning umah. Anak siji-sijiné, Joni, sekiyé uga manggon karo biyung mertua. Kahanan kiyé marakena Slamet tambah dina tambah krasa abot sanggan uripé. Atiné kaya deiris-iris.
“Dhuh Gusti, kok abot temen rasané uripku” wadulé Slamet maring Gusti Allah sajeron batin.
Setahun detinggal bojo, dadi wektu sing suwé banget kanggoné Slamet. Saben dina, pikirané dibanjiri kekhawatiran babagan bojo sing adoh ing negara liya, anak sing tambah gedhé tanpa bisa diapingi biyungé, lan utamané, kepriwé angger nasibé terus-terusan kaya kiyé.
“Koh ya kaya kiyé temen ujian uripku, Gusti?” Slamet ndhengkul tambah jero kaya-kaya arep mlebu maring jero atiné. Wadul maring Gusti Allah.
Ing tengah kesengsaraané sing dirasa tambah abot, sawijining wengi, Slamet mutusna sowan maring pondhoké kyai nang tangga desa, Kyai Mukhtar. Kyainé wis sepuh tur kawentar karo kawicaksanané.
Slamet sowan kanthi tujuan golét pitudhuh, murih adhem ati lan pikirané. Slamet wadul unek-uneké, seporété. Langka sing diumpetna, disuntek kabeh nang ngarepé kyaine. Dhadhané kayong madan krasa lega, sirahé sing mauné mbagol krasa énthéng. Ora suwe sawisé Slamet ngomongna kahanan lan beban sing ditanggung, Kyai Mukhtar mesem tipis, banjur ngendika.
“Mas Slamet, urip kuwé dudu mung babagan materi lan kepuasan. Kala-kala, Gusti Allah ngundang kita maring dalan sing luwih jero, dalan kesabaran lan ikhlas. Kabèh kasengsaranmu kuwe ujian, dudu siksaan.” Karo nyawang Slamet sing ndhingkluk, Kyai Mukhtar unjal ambekan.
Slamet manthuk-manthuk, ningén atiné ésih bolabasehan. Banjur matur maring Kyainé.
“Nanging, Kyai, kepripun kula saged nerima lan ikhlas ing tengahing kawontenan ingkang mekaten? Kula asring kraos kasepén lan boten gadhah daya.”
Kyai Mukhtar mriksani mripaté Slamet sing wis mbrambang arep ngetokena luh kanti welas asih, banjur ngendika alon.
“Mas Slamet, ning ajarané para sepuh, ikhlas lan sabar kuwé kunci utama kanggo nemokaké makna sejatiné urip. Gusti Allah wis ménéhi saben wong ujian sing cocog karo kekuwatané. Kasepénmu, kasengsaranmu, kuwé kabéh carané Gusti Allah kanggo ngundang slirané dimén lewih pérek karo panjenengané. Mula, carané bisa nerima kuwé kudu kelawan pandonga lan nyurasa. Ana hikmah ing saben kahanan, nanging kudu sabar lan nrima.” Ngendikané Kyai Mukhtar kambi mésem.
“Mangga unjukané disambi, Mas.” Karo nawani Slamet medang, Kyaine nyruput kopi sing wis cemawis. Slamet njingkut, kaya wong kagét, banjut nyruput kopi suguhané Kyai Muhkhtar.
Slamet krasa cocog karo piwulangé kyainé. Meh saben wulan dhéwéké sowan. Siki Slamet wis katon céngar, lan lewih sumringah. Dhawuhé Kyai Mukhtar, mulai remesep nang batiné. Slamet sekiyé mulai sregep sinau babagan nglakoni urip, sinau piwulang sing dijarwakake ing Al-Quran lan ajaran-ajaran para ulama agung. Saben-saben dhéwéké arep putus asa, Slamet éling marang dhawuhé kyainé, yen sabar lan ikhlas kuwé ora mung ngenténi, ningén uga nampa lan ngetutaké dalan sing dikersakena Gusti Allah.
Sawisé pirang-pirang wulan sinau lan mawas diri, Slamet wiwit nemokakén katentreman ning batiné. Kesepén sing ndadekena dhéwéké nelangsa, sakiyé dadi wektu kanggo maneges. Dhéwéké ora mbantah nasib, ningéng nampa kanthi lega. Slamet ngerti lamona saben perkara sing kelakon, kawit penghasilan sing cekak nganti ditinggal bojo kerja ning negara liya, kuwé kabéh mung bagéan sekang rencana gedhe sing ditetepaké Gusti Allah.
Sekiyé Slamet gelem kembul karo wong-wong tuwa sing saben malem Jemuah padha trebangan, sinau rodad, lan selawatan Jawa. Angger wengi keprungu swarané Slamet greyengan ngapalna salawat kambi seméndhé nang risban.
Karang Anjog, Agustus 2026




